Pujo Puji Ing Ngasepi Saking Eyang Kagem Putro Wayah

Bismillahi Rohmaani Rohiim.

Duh Gusti Allah,
Sesembahan kawula ingkang sejati,
Inggih Pangeran ingkang Maha Suci,
Inggih Pangeran ingkang Maha Kuwaos,
Inggih Pangeran ingkang Maha Wicaksana,
Inggih Pangeran ingkang Akarya Jagat,
Inggih Pangeran ingkang Maha Mirah,
Inggih Pangeran ingkang Maha Sampurna,
Inggih Pangeran ingkang Murba Kamiseso,
Inggih sasembahaning Sadaya Umat.

Kawula nyuwun kanthi palaksaning manah mugi mugi wonten kepareng Paduka tansah paring berkah, pangestu, rohmat ridayah saha inayah dumateng jasad kawula saha anak turun kawula sedaya sageta sedaya urusan kawula deres saha tansah kecekapan gesang kawula sakukuban.

Dene anak turun kawula samiya dados tiyang ingkang utami, kasinungan derajad, semad lan keramat, dadosa tiyang ingkang berbudi bawa leksana, mumpuni sageng ngelmu mrantasi sedaya pakaryan, tansah suyud dumateng Pangeranipun, tansah bekti dumateng leluhuripun, tansah handemenakaken Rama tuwin Ibunipun, tansah guyup lan rukun kaliyan sederek sederek ipun, tansah kacekapan gesangipun, saha tansah hanggadahana raos tresna lan asih dumateng sesami ing gesang.

Ing salajengipun kinalisna ing sedaya rubedanipun lan cinakethna dumateng sedaya rejekinipun

Amin, amin, amin Yaa Robbal Alamin.

0 komentar:

Posting Komentar